Paribahasan – Bebasan – Saloka
A
- Adigang, adigung, adiguna. Ngendelake kakuwatane, kaluharane lan kapinterane.
- Ana catur mungkur. Ora gelem ngrungokake rerasa sing ora becik.
- Ana adulate ora ana begjane. Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
- Ana gula ana semut. Panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh wong sing nekani.
- Anak polah bapak kepradhah. Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak.
- Ancik-ancik pucuking eri. Tansa kuwatir. Angon mangsa. Golek wektu sen prayoga.
- Angon ulat ngumbar tangan. Nyawang kaanan jalaran arep nyolong.
- Arep jamure emoh watange. Gelem kepenake ora gelem rekasane.
- Asu arebut balung. Pepadon rebutan sepele.
- Asu belang kalung wang. Wong asor nanging sugih.
- Asu marani gepuk. Njarag marani bebaya.
- Ati bengkong oleh oncong. Duwe niyat alat oleh dalan.
B
- Baladewa ilang gapite. Ilang keluhurane.
- Banyu pinerang.ngibarate pasulayane sadulur, mesthi enggal pulihe.
- Bathok bolu isi madu. Wong asor nanging sugih kepinteran.
- Becik mungsuh mliwis. Wong pinter mungsoh wong pinter.
- Becik ketitik, ala ketara. Becik utawa ala bakal ketara dhewe ing tembe burine. Belu melu seton. Mung melu-melu bae, ora ngerti karepe.
- Mbidhung apiworang. Ethok-ethok mitulungi, nanging sejatine ngrusuhi.
- Blaba wuda. Amarga bangething lomane nganti uripe dhewe kacing-krangan.
- Bilu tau pinter during nglakoni. Senajan durung mangerti, nanging wis bisa nindakake.
- Bubuk oleng leng. Duwe niyat ala oleh dalan.
- Mburu uceng kelangan deleng. Mburu barang sepele malah kelangan sing aji.
C
- Car-cor kaya kurang janganan. Guneman waton metu tanpa piker disik.
- Cathok gawel. Ora diajak rembugan, nanging melu-melu ngrembug.
- Cebol nggayuh lintang. Duwe kekarepan sing mokal bisane kelakon.
- Cecak nguntal empyak. Gegayuhan kang ora timbang karo kakuwatane.
- Cedhak celeng boloten. Cedhakan karo wong ala njalari katut ala.
- Cirri wanci lelai ginawa mati. Pakulinan ala sing ora bisa ilang.
- Crah agawe bubrah, rukun agawa sentosa. Padudon njalari ringkih, rukun njalari kuwat.
- Criwis cawis. Tansah mbantah prentah (sajak wegah), nanging sumadya nindakake.
- Cuplak andheng – andheng, ora prenah panggonane. Wong utawa samubarang kang njalari ala, prayoga disingkirake.
D
- Dadia suket suthik nyenggut. Emoh sapa aruh.
- Dahwen ati open. Nacad nangging arep dimelik dhewe.
- Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang. Ala dikandhake apik, apik dikandhake ala.
- Desa mawa cara, Negara mawa tata. Saben panggonan duwe cara dhewe – dhewe.
- Dhemit ora ndulit, setan ora doyan. Tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.
- Dicuthat kaya cacing. Diusir kanthi kasar.
- Digaroakake dilukokake. Nyambut gawa abot.
- Dipalangana mlumpat, ditalenana mendhot. Yen wis tinakdir (jodoh), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon.
- Diwenehi ati ngrogoh rempela. Nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.
- Dom sumurup ing banyu. Laku samar (meneng – menengan).
- Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kilangan. Senajan wong liya, yen ana ora kepenake melu ngrasakake.
- Dudutan lan anculan. Padha kethikan, sing siji api – api ora ngerti.
- Durung ilang pupuk lempuyange. Dipandhakake bocah cilik, durung dianggep diwasa.
- Durung pecus keselak besus. Durung sembada wis kepengin sing ora – ora.
E
- Emban cindhe emban siladan. Siji lan sijine ora padhapangrengkuhe (Ora adil).
- Embat – embat celarat. Nyambut gawe klawan nganti – anti banget.
- Emprit abuntut bedhung. Prakara sepele dadi gedhe.
- Endhas pethak ketiban empyak. Nemahi kasusahan (reribed) bola bali (Gonta - ganti).
- Entek golek kurang amek. Olehe ngunen – uneni sakatoge.
- Entek jarake. Entek kasugihane.
- Esuk dhele sore tempe. Ora teteg atine (molah - malih).
G
- Gagak nganggo laring merak. Wong asor (cilik) duwe tumindak kaya wong luhur (gedhe).
- Gajah alingan suket teki. Lair karo batine beda banget, mesthi bae ketara.
- Nggajah elar. Sarwa gedhe lan santosa kekarapane.
- Gajah ngidak rapah. Wong sing nnjarang wewalere (larangan) dhewe.
- Gajah tumbuk, kancil mati tengah. Wong gedhe padu padha wong gedhe, wong cilik sing sangsara.
- Garang garing. Umuk sugih, nanging sejatine kecingkrangan.
- Gawe luwangan, ngurugi luwangan. Golek utangan mung prelu kanggo nyaur utang.
- Nggayuh – nggayuh luput. Samubarang kang dijangka, ora dadi.
- Nggenthong umos. Ora bisa nyimpen wadi.
- Giri lusi janma tan kena ingina. Ora kena diina senajan katon asor.
- Gliyak – gliyak tumindak, sareh pakoleh . sanajan alon – alon olehe tumindak, nanging kaleksanan maksude.
- Golek banyu bening. Golek pitutur sing becik (maguru).
- Golek – golek ketanggor wong luru – luru. Karepe arep golek (utang), malah dijaluki (utang).
- Gupak pulut ora mangan nangkane. Melu rekasane, nanging ora melu kepanake.
- Nggutuk lor kena kidul. Nyemoni.
I
- Idu didilat maneh. Njabel gunem (kasaguhan) sing wis kawetu.
- ing ngarsa asung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani. Sing ana ngarep nenehi conto, sing tengah menehi karep (arah), sing mburi menehi daya.
- Iwak kalebu ing wuwu. Kena apusi sarana gampang.
J
- Njagakake endhonge blorok. Njagakake barang kang durung mesthi.
- Njajah desa milang kori. Njajah (lelungan) menyang ngendi – ngendi.
- Jalma angkara mati murka. Nemu bilai jalaran saka muka.
- Jalukan ora wewehan. Seneng njaluk nanging ora gelem weweh.
- Jati ketlusuban luyung. Golongane wong becik kalebon wong ala.
- Jer basuki mawa beya. Kabeh gegayuhan mbutuhake wragad.
- Njujul wuwul. Prakasa sing ngundhak – undhaki rekasa.
- Njunjung ngentebake. Ngalembana nangung niyate ngasorake.
K
- kacang mangsa ninggala lanjaran. Kalakuane anak lumrahe tiru – tiru wong tuwane.
- Kadang konang. Ngakoni sadulur mung karo sing sugih –sugih.
- Kakehan gludhug kurang udan. Akeh omonge, nanging ora ana nyatane.
- Kala cacak menang cacak. Begjan = begjanan embuh kalah embun menang.
- Kadhang langit kemul mega. Wong sing ora duwe papan panggonan.
- Katepang ngrangsang gunung. Kagedhen pajangka (kekarepan), mokal bisa kelakon.
- Katon cepaka sewakul. Disenengi wong akeh.
- Kaya banyu karo lenga. Pasaduluran kang ora bisa rukun.
- Kebak sundukane. Akeh banget keluputane.
- Kebat kliwat gancang pincang. Tumindak sarwa kesusu, asile mesthi ora kebeneran.
- Kebanjiran segara madu. Nemu rezeki kang gedhe banget.
- Kebo ilang, tombok kandhag. Wes kelangan, malah kudu ngetokake wragad maneh.
- Kebo bule mati setra. Wong pinter nanging ora ana sing nganggoake.
- Kebo kabotan sungu. Wong tuwa sing rekasa uripe, amarga kabotan ngopeni anak – anake.
- Kebo lumumpat ing palang. Ngadili prakara ora nganggo wewaton.
- Kebo mulih menyang kandhange. Wong lunga utawa barang ilang sing bali maleh menyamg asale.
- Kebo nusu gudel. Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
- Kagedhen empyak kurang cagak. Kagedhen kekarepan nanging ora sembeda.
- Kejugrugan gunung menyan (kembang). Nemu kebegjan gedhe banget.
- Kelacak kepathak. Wis ora bisa mungkir maneh jalaran kabukten.
- Kenaa iwake aja buthek banyune. Sing dikarep bisa kelakon, nanging aja nganti gawe rame.
- Kendel ngringkel, dhadhag ora godag. Ngakune kendel lan pinter, jebule jirih tur bodho.
- Kencana katon wingka. Senajan bagus utawa ayu, tetp ora ditresnani.
- Kenes ora ethes. Sugih umuk nanging bodho.
- Keplok ora tombok. Melu seneng – seneng nanging ora gelem cucut wragad.
- Kere munggah bale. Wong cilik didadekake wong gedhe.
- Kerot ora duwe untu. Duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.
- Kerubuhan gunung. Nemoni kesusahan sing gedhe banget.
- Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang. Nemu bebaya sing ora dinyana – nyana.
- Ketepang ngrangsang gunung. Njangka prakara sing mokal klakon.
- Ketula –tula ketail. Tansah nandhang sengsara.
- Kethek saranggon. Grombolan wong laku ala.
- Kleyang kabur kanginan. Wong kang urip sing kalunta – lunta.
- Kocak tandha lukak. Akeh omonge tandha kurang kawruhe.
- Kongsi jambul uwanen. Nganti tuwa banget.
- Kraket ing ngaler. Wong sing mlarat banget.
- Kriwikan dadi grojogan. Prakara cilik dadi gedhe.
- Kemethus ora pecus. Doyan umek, ora sembada.
- Kutuk gendhong kemiri. Nyandhang kang sarwa aji ngambah dalan kang gawat.
- Kutuk marani sunduk. Njarang bebaya.
L
- Ladak kecengklak. Wong akuh nemahi kacilakan amarga kelakuane dhewe.
- Lahang karoban manis. Bagus (ayu) rupane tur luhur bebudune.
- Lambe satumang kari samerang. Aweh pitutur bolak – balik , nanging ora digugu.
- Lanang kemangi. Lanang sing jirih.
- Lumpuh ngideri jagad. Njangka kakerapan sing mokal.
M
- Madu balunt tanpa isi. Padudon amarga barang sepele.
- Maju tatu mundur ajur. Kabeh bebudaya ora kasil.
- Matang tunak numpak luput. Tansah luput panggayuhe.
- Meneng widara uleran. Wong kang laire katon anteng, nanging tibake ala atine.
- Menthung koja kena sembangine. Rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kapusan.
- Mikul dhuwur mendhem jero. Njunjung derajate wong tuwa.
- Milih – milih tebu boleng. Kakehan pilihan, wusanane entuk sing ora becik.
- Mrojol selaning garu. Linuwih (pinunjul kawruh), Langka sing madhani.
- Mubra – mubru blabur madu. Sarwa kecukupan.
N
- Nabok cilik tangan. Nindakake penggawean ala sarana kongkonan.
- Nucuk ngiberakake. wes disuguh, mulihenyangking suguhan.
- Nututi layangan pedhot. Ngupaya barang sepesle sin wes ilang.
- Ngagar metu kawul. Ngojok – ngojoki supaya dadi pasulayan.
- Ngalasake Negara. Ora manut pranatane Negara.
- Ngalem legining gula. Nyebut kaluwihane kapinterane utawa kasugihane wong.
- Ngaturake kidang lumayu. Nuduhake gegayuhan sing angel kacekel.
- Nglungguhi klasa gumelar. Kari nemu kapenake, tanpa melu rekasane.
- Ngontragake gunung. Wong asor bisa ngalahake wong luhur (gedhe) nganti gawe kagete wong akeh.
- Nguthik – uthik macan dhedhe. Gawe nesune wonh liya.
- Nguyahi segara. Weweh marang wong sugih, tiwas tuwas.
- Nyangoni kawula minggat. Ndandani barang kang pijer rusakan.
- Nyolong pethek. Mlesed saka pametheke.
- Nyunggi lumping. Munggah drajate nanging ora ana pametune.
O
- Obah ngarep kobet buri. Luwih becik rekasa dhisik, ing tembe burine. bakal kapenak – solah bawane wong gedhe dadi panutane wong cilik.
- Opor bebek mentas awake dhewek. Mentas saka rekadayane dhewe.
- Ora ana banyu mili mendhuwur. Watake anak mesthi tiru wong tuwane.
- Ora ganja ora unus. ala rupane uga ala atine.
- Ora mambu enthong irus. Dudu sanak dudu kadang.
- Ora tembung ora lawung. Njupuk tanpa nembung dhisik.
- Ora uwur ora sembur. Ora gelem aweh rembug utawa pitulungan sathitik – sathitikka.
P
- Palang mangan tandur. Dipracaya njaga, wekasane malah ngrusak dhewe.
- Pandengan karo srengenge. Mungsuhan karo wong kuasa.
- Pecruk tunggu bara. Dipasrahi kang dadi senengane.
- Pitik trondhol diumbar ing padaringan. Wong ala dipasrahi tunggu barang sing aji.
- Pupur sawise benjut. Ngati – ati nanging sawise kebacut kelakon.
R
- Rawe – rawe rantas, malang – malang putung. Kabeh kang ngalang – alangi disingkirake.
- Rebut balung tanpa isi – rebut kemiri kopong. Melik utawa padudon prakara barang sepele.
- Rubuh – rubuh gedhang. Anut polahing liyan.
- Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Karukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
S
- Sebaya pati, sebaya mukti. Rukun nganti tekan ing pati.
- Sadumuk bathuk, sanyari bumi. Padudon nganti dilabuhi toh pati.
- Sandhing kebo gupak. Sandhing wong ala, bisa – bisa katut ala.
- Sapa salah seleh. Sapa sing salah bakal konangan.
- Satru mungging cangklakan. Mungsuh kang isih sanak sadulur.
- Sedhakep ngawe – awe. Marani panggawe ala, nanging isih kepingin nglakoni maneh.
- Sembur – sembur adas, siram – siram bayem. Bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh .
- sepi ing pamrih, rame ing gawe. Tumandang gawe tanpa duwe kamelikan apa – apa.
- Sluman slumun slamet. Senajan kurang ngati – ati , ewadene diparingi slamet.
- Suduk gunting tatu loro. Nandang kesusahan warna loro (bareng - bareng).
- Sumur lumaku tinimba. Njaluk diangsu kawruhe, nawak – nawakake ngelmune.
T
- Tebu tuwuh socane. Prakara sing wis becik dadi bubrah marga ana sing nyetani (ngalang - ngalangi).
- Tekek mati ing ulone. Nemahi cilaka amarga saka guneme dhewe.
- Tembang rawat – rawat , ujare bakul sinamberawa. Kabar kang durung mesthi bener lan lupute.
- Timun jinara. Samubarang kang gampang banget.
- Timunwungkuk jaga imbuh. Mung dienggo jaga – jaga yen ana kekurangane.
- Tinggal glanggang acolong playu. Keplayu saka ing paperangan.
- Tulung menthung. Katone tetulung, nanging sejatine malah nyusahake.
- Tumbak cucukan. Seneng adul – adul.
- Tuna satak bathi sanak. Rugi bandha, nanging bathi pasaduluran.
- Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati. Turunane wong cilik dadi wong gedhe, turunane wong gedhe dadi wong cilik.
- Tunggal banyu. Tunggal ngelmu, tunggal guru.
- Tut wuri andayani. Paring kalonggaran nanging uga paring pepeling amrih becike.
U
- Ula marani gepuk. Njarak marani bebaya.
- Ulat madhep ati karep. Wis manteb banget.
- Undhaking pawarta sudaning kiriman. Pawarta iku lumrahe wis beda karo nyatane.
W
- Welas tanpa alis. Welas marang wong kang ndadekake sangsarane.
- Wiwit kuncung nganti gelung. Wiwit cilik nganti tuwa (gedhe).
Y
- Yitna yuwane lena kena. Sing ngati – ati nemu slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka.
- Yuyu rumpung mbarong ronge. Omahe njenggarang nanging sejatine mlarat.
- Yiyidan mungging rampadan. Maune wong durjana, saiki dadi wong alim.
- Yoga anyangga yogi. Murid nirokake piwulange guru.
- Yuwana mati lena. Wong becik nemu cilaka, amarga saka kurang ngati – ati.
0 comments:
Post a Comment